·
Akhmad Muzakki (03)
·
Khusnul Aldi Saputra (14)
·
Megawati ayu I. (17)
·
Natasya Eka Yuniar (20)
·
Ridwan aditya K. (23)
·
Tiara Ayu K. (29)
DINAS PENDIDIKAN JAWA TIMUR
UPT SMAN 1 KRIAN
TAHUN PELAJARAN 2017 / 2018
Atur Pangiring
Masyarakat
jawa yaiku salah sawijine masyarakat daerah kang ageng ing Indonesia. Dengan
akehe masyarakat iki, nimbulake adat istiadat seng khas kang onok ing Indonesia
khususe ing tlatah jawa.
Dengan
ngucapake matur sembah nuwon tumrap gusti ingkang kuasa kang maringi panugrahan
lan hidayahipun tumrap kita sedaya. Ora supe dumateng para pihak kang mbiyantu
kelancaran ing pembuatan laporan iki, Kita sedaya ngucapake matur sembah nuwon
sang agunge pangaksan.
Akhir
kata, kita sedaya selaku tim redaksi nuwon agunge pangapunten yen ana
keklintuan lan kelepatan kang ono ing sajroning laporan iki. Muga – muga
pungkasane maca laporan iki bisa mbiyantu guru, siswa, lan masyarakat sekitar
luwih mahami lan tresnani adat istiadat kang ana ing tlatah jawa khususipun
babagan “Kepaten / lelayu”
Sidoarjo, September 2017
BAB I
1.1.
Mula
Bukane Panliten
Suku jawa kuwi
asale saka provinsi jawa tengah, jawa timur, lan daerah istimewa yogyakarta. Masyarakat
jawa dikenal duweni budaya kang khas,nganti era globalisasi wiwit sak iki adat
istiadat kuwi isih tansah dilakokake lan ditaati karo masyarakate. Adat
istiadat ing jawa pun hampir ana ing saben acara sing dilakokake karo manungsa,
wiwit lair nganti liang lahat.
Adat istiadat yaiku
kumpulan tata kelakon kang paling dhuwur kadudukane,amarga sifate kekal lan
“terintregasi” kang kuat marang masyarakat kang duweni adat istiadat kasebut. Tuladhane,
Adat istiadat ing tlatah Jawa kang akeh warnane,tentu nimbulna rasa bangga ing
atine masyarakat Jawa. Salah sijine saka upacara kang akeh kuwi yaiku upacara
tumrap wong kang kepaten/lelayu. Lelayu yaiku salah sawijine momen seng paling
nggarai sedih ing lika – likune urip manungsa. Umume ing keluarga utawa kerabat
sing kasripahan biasane cukup didungake wae trus disareaken. Nanging saka akehe
suku ing Indonesia biasane duwe cara langkah – langkah ritual lan istiadat kang
dilakokake ing wayah keluarga utawa kerabat kang cidek kuwi kasripahan,
khususipun masyarakat jawa.
Upacara iki tentu
mbutuhake proses lan uba rampe kang orang kabeh wong bakal ngerti lan mahami
fungsi lan maksude. Mangka iku,kaleyan Bu Yuni Purwati S.pd kanthi narasumber
laporan niki. Kita sedaya bermaksud nggali informasi kang luwih jangkep ngenani
upacara iki
1.2.
Udheran
Panliten
Kaliyan penjelasan ing nduwur,
panulis gawe laporan iki nduweni udheran arupa ing ngisor iki :
1.
Apa
maksud te dilakokake upacara kanggo tiyang kang kepaten ?
2.
Apa
wae proses kang mesti dilakokake ing upacara kuwi ?
3. Apa wae umba rampe seng disediakake ?.
1.3.
Tujuan
Panliten
Amarga kathah tiyang ingkang ora
mangaerteni ingkah luwih njero ngenani upacara kepaten.Ing panliten upacara
kepaten iki, penulis laporan duweni tujuan arupa :
1. Bisa Ngerteni apa
kang maksud dianaake upacara kanggo wong kang lelayu.
2. Bisa Mahami piye
proses-proses kang musti dilakokake.
3. Bisa ngerteni apa
wae uba rampe kang dibutuhna.
1.4.
Manfaat
Panliten
·
Kanggo panulis : Ngerteni luwih
akeh ngenani maksud,proses,lan uba rampe kang ana ing upacara kepaten lan
nimbulna rasa baangga tumrap adat istiadat Jawa.
·
Kanggo pewaos : Munculna rasa
tresno marang adat istiadat kang ana ing tlatah Jawa.
BAB II
2.1.
Isi
Ing
pemahaman wong jawa, menawa nyawa wong sing wis mati kuwi ing wayah tartamtu isih
ana neng sekeliling kaluwargane. pas salah sawijine masyarakat suku jawa mati, ritual
adat istiadat pun ora ilang ngiringi . ritual iki dipangarahake supaya wong nan
mati bisa ngentukake loka nan becik neng jaman kailangan. Mangka iku awake
dhewe kerep krungu bebasan selametan sing dilakoke kanggo wong sing wis mati.
Upacara
kepaten ing tlatah jawa kuwi duwe maksud ngehormati wong ingkang kepaten lan kanggo
nggawe ati wong kang ditinggal luwih ikhlas maneh.Sakliyane iku,adat iki pun
dilakokake kanggo nerusake kabudayan Jawa kang wus turun tumurun supaya ora
punah katinggal jaman.
Upacara lelayu kuwi dibagi ing 3
macem yaiku :
A.
Upacara sakdurunge disareake.
a.
Mayit disuciake rumiyin
b.
Mantun niku dilakoake
brobosan/pamitan
Brobosan kuwi uga bisa disebut pamitan
marang jenazah kang dilakokakake kalehan putra lan putrine mayit kaping pitu
saka kanan muter searah jarum jam
c.
Sakwuse brobosan dilakoake
ngesur lemah.
Ngesur lemah yaiku bancaan kanggo sing ngeduk lemam ing
kuburan. Dadi
saderenge wong sing mati di kubur sing ngeduk, diwenehi
sarapan dhisik.
d.
Wekdal jenazah mngkur sangking
griya dalan kang wus diliwati kaleh mayit dipun
sapu.
Kegiatan iki
nduweni tujuan supaya, loro opo wae sing di gowo karo sing mati, katut karo
sing mati.
e. nyawur
beras kuning
Biasane
beras kuning kang di sawur dicampur duwek receh lan diumbarake ing dalan. Iki
fungsine di gawe sedekah.
B.
Upacara wektu disareake.
Ing bagian iki, acara’e kuwi
pada karo biasane kang dilakoni
yen tiyange arep di kubur. Kaya yen muslim diwocoake talkin, diadzani, dimadepake
kulon, lan sateruse. Menawi sampun disareaken wonten tumpeng bunceng mungkur,
tumpeng buceng mungkur yaiku tumpeng sing disigar dadi loro lan diwalik. Urap
urape ora oleh kacang panjang lan kecambah amarga gambarake panjang umur.
Sakwise disareaken keluarga sing kasripahan ngaturake rasa
marur sembah nuwun dumateng para warga sing melok iring – iring.
C.
Upacara sakwuse disareake.
a.
3 dinoan.
Wayah telung dina cara ngitunge dikurangi sedino sakwuse
mayite dikubur. Lan ing acara iki ora ana kang istimewa kejaba mung dunga
bareng kanggo kang mati.
b.
7 dinoan.
Ing
pitung dina iki biasane
wes kanggo bancaan.
c.
40 dinoan.
Ing wayah iki dilakokake bancaan maneh, kang ditambahi
berkat kanggo sing budal tahlilan. Nek nggone kamar seng seda dicepakake klambi
sak pangadek, kopi, kembang telung kum, lan ublik (menawa sak iki ws ana
penerangan, ublik ws jarang digunakake).
Miturut cerita arwah sing seda bakal pamit marang
keluargane.
d.
Pendak 1 lan 2.
Acara’e
ora adoh kaya ing wayah 40 dino.
e.
1000 dina
Ing 1000 dina adicara ngeculake kenangan saking sing seda. ing
sewu dinane mayit, paling akeh umbarampe kang di sediakake. Sing wajib iku kaya,
pala pendem, pala wija, bebek, dara sebagai penutup kasripahan.
Ing acara-acara kang wus
dilakoake iki, biasane ora titik ubarampe kang dibutuhno. Biasane umba rampe kang
digunakake yaiku kain kafan, keranda, kain jarik, tumpeng ungkur-ungkuran, kembang
kenanga, bebek, dara, pala pendem, bunceng mungkur, palawija
BAB III
3.1
Dudutan
Suku Jawa kuwi salah sawijining suku kang nduweni akeh
kabudayan, wiwit saka kesenian, adat istiadat, lan sa panunggalane. Minangka tuladhane
yaiku apa sing wis kita bahas ngenani Upacara Kepaten kang mbuktekake yen Suku
Jawa kuwi salah sawijining suku kang becik amarga anane upacara kanggo ngurmati wong kang wes kepaten. Saka
panjlentehan ing ndhuwur, kita bisa mangerteni yen upacara adat kuwi bisa
dipengaruhi dening agama. Mula kuwi, kita kudu njaga tradisi kuwi kanggo
ngurmati para leluhur lan njaga kabudayan bangsa.
3.2
Pamrayoga
Upacara kepaten nduweni maksud kang mulya, yaiku
ngurmati wong kang wis kepaten lan nggawe ati kang ditinggal supaya luwih
ikhlas. Mulane, upacara iki becike dilakoni dening masyarakat jawa amarga
sakliyane nduwe tujuwan kang becik, kita uga nglestariake kabudayan bangsa. Ojo nganti kabudayan bangsa
kang maneka warna iki kajupuk dening bangsa liya, amarga kabudayan kuwi
minangka kapribadian bangsa.
Kapustakaan
___________http://lintassantriucul.blogspot.sg/2013/05/faedah-ikatan-pada-kain-
kafan_7628.html
kafan_7628.html
___________ https://sirfrancois.wordpress.com/2015/04/06/upacara-kematian-adat-jawa/
___________ https://koswara.wordpress.com/2007/05/04/menjemput-maut/
___________ https://www.wikipedia.org/
___________ https://mongosilakan.net/#/translate
___________ http://laskarcanggahindonesia.blogspot.sg/2016/05/karyailmiah-remaja-caramenanggulangi.html
___________ https://www.youtube.com/
___________ http://cdn2.tstatic.net/tribunnews/foto/bank/images/pak-raden-unyil-nih5_20151031_134439.jpg
___________ https://faqihmuhammad.files.wordpress.com/2012/04/tahlilan1.jpg
___________ https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEiHy_tirOEPjy6dZIrP9ElbgHIvtC1uN1X1vNFdM4oQ4LFaNXgq94r3iQq09ZwUzQQALen2uO3eRA1v9hp-gvUDW8SCpTuTYi6fpssKwDTLeD1y-y3WmDeDH0TFt0hyphenhyphen8la0E6tF1vE5kFg/s1600/4.jpg
Narasumber : Ibu Yuni Purwanti S. Pd. Selaku guru SMPN 1
Wringinanom
Yuni Purwanti S. Pd. |
Komentar
Posting Komentar