Teks Drama Bahasa Jawa - Sarip Tambak Oso


SARIP TAMBAK OSO
            
               
           Ing jaman bien, ing Sedati Wetan, ana jejaka kang urip karo ibune. Jejaka kuwi jenenge Sarip Tambak Oso. Dheweke ket cilik wis seneng ngancani ibuke nyisir iwak lan urang ing tambak. Sarip gedhe dadi wong kan kendel lan dadi pejuang kang nglawan kompeni.

BABAK 1
(Sawijine dino, ibune Sarip ngeterake sego kanggo bapakke kang kerjo neng tambak karo sepedha'an.)
Ibune Sarip         : "Pak, niki sekule. Ayo ndang didhahar."
Bapake Sarip      : "Iyo Buk. Buk, Sarip wis turu ta?”
Ibune Sarip          : “Sampun Pak,ket wau”
Bapake Sarip      : “Pundi Bu bekale? Aku wes luwe”
Ibune Sarip          : ‘Niki Pak, monggo dhahar”
(Bapake Sarip mangan bekal e lan teko adohan ana wong londo seng patroli sekitar tambak)
Kompeni 1          : “Hey, kenapa kau orang masih di sini? Ini sudah menjadi kawasan kami.
                               Cepat kau pergi atau aku yang pergi!
Bapake Sarip      : “Yo wes loh kon kabeh ae seng mbalek”
Kompeni 2          : “Ehh lah dalah, dasar stupid pribumi. Nek awakmu kabeh iki gak mbalek, saya   musnahno tambak iki”
Bapake Sarip      : “Santai Bu, tak uruse. Mlayu o sing adoh, ojok sampe Sarip celaka. Gowoen lemah abang iki lan panganen supaya pean lan Sarip slamet”
Ibune Sarip          : “Kanggo opo aku mangan lemah iki Pak?”
Bapake Sarip      : “Yen pean lan Sarip mangan lemah iki, Sarip bakal urip maneh senajan wes mati yen pean celuk”
Ibune Sarip          : “Nggeh, ati-ati Pak”
(Ibune langsung moleh karo nangis)
Kompeni 1         : “Hey, sudah tak perlu banyak bicara. Mari kita akhiri ini sekarang juga! Hey    kau maju!”
Kompeni 2         : “Loh kok tiba - tiba aku seng kongkon maju?”
Kompeni 1         :  “Wes talah hadah.
(Kompeni sijine maju ngelawan bapak e sarip nanging kalah amarga disilat bapak e sarip)
Bapake Sarip      : “Aku ora bakal nyerahake tambak iki senajan aku kudu mati”
Kompeni 1         : “Kok kalah. Dasar prajurit gak berguna” (nembak bapake sarip) “Ngene lak beres seh”
 (Amarga kalah senjata, bapake Sarip akhire mati ditembak wong londo)

BABAK 2
(Wektu wes totok omah, ibune Sarip ndulang Sarip lemah abang karo sumpek mikirno nasibe bapakke.)
Ibune Sarip          : “Bapakmu kok durung moleh moleh toh? Muga muga slamet” (ndulang Sarip lemah abang)
(ana tanggane seng wes mari teko tambak weroh yen bapak e sarip mati ditembak londo)
Tanggane             : “Mbak Yu… Bapake Sarip Mbak Yu...”
Ibune Sarip          : “Onok opo Yu?”
Tanggane             : “Iku mau lho bapake Sarip ditembak nang tambak”
Ibune Sarip          : “Ya Allah…” (nangis)
Tanggane             : “Sabar Mbak Yu”

BABAK 3
(18 Tahun sawise … ing sawijine omahe Londo ing Tambak Oso.)
Sarip                   : “wah iki omahe wong londo. Sing nduwe omah iki medit banget, aku kudu njupuk kayane wong iki kanggo dibagi nang wong-wong sing mbutuhake”
(Sarip nyolong nang omahe londo lan konangan londo nanging iso kabur.)
Sarip                   : "Wes oleh akeh a?"
Kancane Sarip     : "Wes cukup lah kanggo 3 omah."
Sarip                   : "Yo wes ndang metu."
Kancane Sarip     : "Eh Rip, barangku kecantol iki. Surungen tekan njero!"
Sarip                   : "Lah piye se?"
Kompeni              : “Wah sepertinya ada pencuri ini”
Kompeni              :” Hei berhenti kau pencuri!”
Sarip                   : "He ayo cepetan!"
Kancane Sarip     : "Sepurane Rip, aku dipek."
Sarip                   : "Oo jangkrik, konco gatel."
Kompeni             : "Stop angkat tangan, hadap kemari! Buka topengmu! sepertinya kau orang pribumi”
Sarip                   : “Yaa aku memang pribumi.” (nyawatake sarung e lan mlayu)
(Topenge sarip kebuka, nanging dheweke slamet.)
(Sakwise nyolong, Sarip deleh barang kang dicolong nang ngarep omahe tangga-tanggane maringunu langsung  mlayu)
Sarip                   : “Assalamualaikum” (tok-tok omah langsung mlayu)
Tanggane             : “ Loh opo iki? Alhamdulillah Gusti, matur nuwun sanget Gusti”
(Isukke kompeni sing kemalingan ora meneng tok, dheweke langsung nyebarake poster buron ing deso tambakoso. Sopo sing gelem lan bisa nangkep maling kuwi, bakal diwenehi dhuwit akeh)
(Paklike Sarip termasuk salah sijine wong kang melu nggoleki maling kuwi)
Paklik                   : "Selamat siang mister, saya ingin menangkap pencuri rumah anda. Tapi, kalau boleh tau bagaimana ciri-ciri pencurinya?"
Menir                   : "Oh terima kasih, saya memang butuh orang pribumi seperti kau. Pencuri itu orang pribumi, Tubuhnya gempal namun tidak terlalu tinggi."
Paklik                   : "(Nampaknya aku kenal orang itu) baik mister, saya usahakan mencarinya."
Menir                   : "Ok, lebih cepat lebih baik."

BABAK 4
(Ing wektu kang podo kuwi, Sarip lagi sarapan karo ibune, dheweke takok masalah tambakke bapakke kang wes suwe dirumat karo pamanne.)
Sarip                   : “Mbok, kula mboten nopo tangglet ta Mbok?”
Ibune Sarip          : “Takon opo maneh toh Le, Ibu wes ora onok dhuwit, ora isok ngekei gawe tuku jamu”
Sarip                   : “Mboten bu, punapa sing ditariki pajak tambak dening londo iku kerluargane kita seh bu, mboten keluargane paklik? Seng ngerumat kan paklik.”
Ibune Sarip          : “Iku kan tambake bapak seh leh nanging seng ngeramut iku paklik”
Sarip                   : “Ngeten lho, kula kan pun gedhe, Insyaallah mpun sanggup ngerumat tambake bapak. Kinten-kinten nek kula njupuk tambake saka paklik, njenengan ngijini ta?”
Ibune Sarip          : “Owalah, nek iku mah sembarang Le. Pokoke ojok nggarai masalah nang paklik. Mergane iku kan tambake bapakmu biyen, dadi yo hak warismu pisan”
Sarip                   : “Nggeh mpun Bu, mantun niki kula budal”
Ibune Sarip          : “Eh entekno sek manganmu. Pithikmu mati lho”
Sarip                   : “Nggeh kula tak mangan mantun iku kula budal

(Nalika nglewati sawijine tambak, Sarip ndelok Mbak yu jamu kang dagang neng kunu. Ora pikir suwe, dheweke langsung marani Mbak yu kuwi.)
Sarip                   : “Duh Gusti, pahite lambe kula mboten ngombe jamu. Eh mumpung onok dhuwit thitik iki, tak tuku maringene”
Mbak Yu Jamu    : ”Jamu… jamu… jamu… Rip, gak tuku jamu ta?”
Sarip                   : “Enggeh, enggeh setunggal gelas sing biasane” (Sarip ngombe jamu)
Sarip                   : “Pinten jamune wau?”
Mbak Yu Jamu    : “Iku Rp 75, biasane”
(Sarip merogoh saku)
Sarip                   : “Enten Rp 25 kula Mbak, utang dilek nggeh”
Mbak Yu Jamu    : “Eehh enak e ngutang, awakmu wis ngutang peng piro?”
Sarip                   : “Wes gampang iku mbak yu, masalah cilik”
Mbak Yu Jamu    : “Jare gampang tapi gak disaur saur”
Sarip                   : “Mbak iku ana opo?”
Mbak Yu Jamu : (Mbak yu noleh) “Ana opo rip? Gak ana opo opo?”
Sarip                   : “Wes Mbak, aku ngutang disek, wkwkwkwk”
Mbak Yu Jamu    : “Eee, awas yo. Wani wani ne mbijuki seng gerang”
(Mbak Yu jamu mung iso nggeleng sirahe lan gunem, sedangkan sarip langsung ngelanjutake perjalanan.)


BABAK 5
(Sakwise 15 menit, Sarip totok omahe paklike. Neng kunu Sarip langsung ngomong perkara tambakke bapakke kang wes suwe dirumat karo paklikne.)
(Ing omahe Paklik)
Sarip                   : “Assalamu’alaikum”
Saropah              : “Waalaikumsalam. Loalah Kang Sarip. Lenggah disek, ana apa seh Kang?
Sarip                   : “Bapakmu ana ta?
Saropah              : “Ana kang, sek tak celuk e.”
(Saropah nyeluk bapak e)
Saropah              : “Pak, wonten tamu”
Paklik                  : “Sinten nggeh? (mbuka selambu). Oalah Sarip, ono opo Rip?”
Sarip                   : “Niku Paklik, kula badhe tangglet masalah tambak.”
Paklik                  : “Tambak opo?”
Sarip                   : “Niku lho, tambake bapak, badhe kula ramut. Panjenengan ijini a?”
Paklik                  : “Lho lho lho, kok penak. Kon ngerti tambakmu iku 18 taun sopo sing ngramut. Saiki apene mbok pek, kok mbati kowe.”
Sarip                   : “Mboten ngoten Paman, kan kula termasuk ahli warise, kalean kula lakan tasik alit pas bapak mboten wonten.”
Paklik                  : “Gak isok Rip. Pokoke aku gak setuju. Mbasio awakmu jek mbanggel.”
Sarip                   : “Sek talah seng mbayar pajake tambak iku mbokku”
Paklik                  : “Yo yo lah ancen iku tambake mbokmu”
Sarip                   : “Tapi hasile nang endi? Pean gawe dewe a?
Paklik                  : “Yo sakkarep ku lah, aku seng ngeramut.”
Sarip                   : “Iku ngunu tambak ku, mbokku seng mbayar. Saiki kapene tak jupuk kok gak oleh.”
Paklik                  : “Yo gak oleh”
Sarip                   : “Ojok sak enake dewe pean. Nek ngunu pean seng ngejak geger”
(Sarip ngantem paklike. Paklike mblayu gak wani karo sarip, amerga sarip emosie wes dukur)
Sarip                   : “He nangdi sampean?”
(Paklike Sarip ketemu Paidi kang lagi mancing ning kali)
Paklik                  : “Di… Paidi… tulungono aku.aku dikejar Sarip”
Paidi                    : “Onok opo Paman, endi areke?”
Paklik                  : “Sek talah tulungana aku ikiloh”
Paidi                    : “Oh nggeh-nggeh”
(Sakwuse nulung paklik. Paidi ngresiki alat pancinge)
Sarip                   : “Oi Paklik,, mrinio sampean. Pindah mrene a geger e?”(nyideki paklike)
(Paidi nyurung Sarip)
Paidi                    : “Sek Rip. Ana apa awakmu mara-mara ngamuk nang paklik?”
Sarip                   : “Lapo kowe melok-melok, Di. Iki urusanku karo paklik ku.”
Paidi                    : “He rungokno. Mulai saiki opo seng dadi masalahe paklik yo dadi masalahku.”
Sarip                   : “Kok isok?”
Paidi                    : “Yo iyo talah wong calon mertuo kok.”
Sarip                   : “Ealah calon ta? Cocok wes koyok tikus ketemu batang.”
Paidi                    : “Karepmu opo ngomong ngunu.”
Sarip                   : “Gak atek tak jelasno kon ngerti paling. Wes minggiro kono.tak terusno urusanku karo paklik.”
Paidi                    : “Sakdurunge karo paklik. Langkahono aku disek.”
(Tukaran lan Sarip sekarat.)
Paman                 : “He, patenono pisan Sarip iku Di.”
Paidi                    : “Tapi, nopo’o pak? Arekke nggeh mboten sampak mateni sampean.”
Paklik                  : “Wes talah, engkok kowe bakalan ngerti lan seneng.”
(Sarip akhire mati sakwuse dibacok Paidi karo berange dhewe)
Paidi                    : “Yok nopo terus mayite niki pak?
Paklik                  : “Yowes diguak nak kali ae ben ora keruan wong kampung.
Paidi                    : “Loh gak popo a?”
Paklik                  : “Yo. Aku wes seng tanggung jawab.”
(Paklik lan Paidi ngguwak Sarip nang kali)


BABAK 6
(Ibune Sarip lan tanggane umbah-umbah nang kali)
Tanggane             : “Mbak Yu, pean ngerti a? akhir-akhir iki onok sing ngewenehi barang nang ngarep omahe wong-wong. Aku yo oleh dhuwit.”
Ibune Sarip          : “Leh mosok se? aku kok gak oleh? Aku gak onok sing ngewenehi lho.”
Tanggane             : “Lah mosok se Mbak Yu?”
Ibune Sarip          : “Wah gak bener iki Yu, gak bener.”
Tanggane             : “Westalah Mbak Yu, neriman wae. Eh… eh… Mbak Yu, opo iku?”
Ibune Sarip          : “Opo maneh se Yu?”
Tanggane             : “Sopo iku Mbak Yu? Ayo diparani Mbak Yu, sopo ngerti isih urip.”
(Nyedeki Sarip)
Ibune Sarip          : “MasyaaAllah, Sarip anakku… (nangis). Kenek opo toh Le, kok isok koyok ngene? Duh Gusti…”
Tanggane             : “Sabar Mbak Yu.”
Ibune Sarip          : “Sarip, tangio Nak. Tangio toh Le, ojok ninggal ibumu” (Sarip tangi)
Sarip                   : “Loh ten pundi niki Mbok? Kula wau lak mantun tukaran kaleh Paidi. Lah kok kulo iso urip maleh?”
Ibune Sarip          : “Oiyo Le… Le… kowe bien dike’i bapakmu lemah abang, dadi kowe isok urip maneh.”
Sarip                   : “Loh kula biyen cilik dipangani lemah Mbok?”
Ibune Sarip          : “Ojok kakehan omong Le, jek untung biyen tak wenehi mangan.  Sing penting kan kowe isih urip saiki.”
Sarip                   : “Enggeh mpun Mbok. Ayo mantuk mawon Mbok.”

BABAK 7
(Sore iku, ning omahe paklike)
Paklik                  : “Waduh, lali aku? Lapo takbuwak awakke Sarip mau.”
Paidi                    ; “Enten nopo pak?”
Paklik                  : “He, aku isok njalok tulung maneh a Di?”
Paidi                    : “Saget pak, nopo?”
Paklik                  : “Mayite Sarip tulung golekono ya, soale aku butuh.”
Paidi                    : “Loh, kok ndadak pak. Sakniki kan pun sore, mbenjeng wae nggeh.”
Paklik                  : “Ora ilang a nek mene?”
Paidi                    : “Santai pak, kulo goleki isuk-isuk. Tapi, damel nopo nggeh?”
(Wong loro kuwi bisik-bisik)

BABAK 8
(Mene isukke)
Sarip                   : "Mbok, kulo pamit mancing nang kali."
Ibune Sarip          : "Iyo Le, ati-ati. Ojok suwe-suwe! "
Sarip                     : "Assalamu’alaikum."
Ibune Sarip            : "Wa'alaikumussalam."
(Ing dalan, Sarip ngeweruhi poster buronan kang digawe karo londo. Akhire dheweke ngerti maksude pamanne wingi).
(Ing kali, Sarip ketemu Paidi)
Paidi                    : "Loh kon jek urip?" (Paidi kaget lan heran)
Sarip                   : "Wo... iyo yo sakti e."
Paidi                     : “(Waduh yok opo iki, paklik njalok mayate de’e)”
Sarip                   : “Lapo awakmu nguwasine ora enak ngunu Di?”
Paidi                    : “Ora Rip, berarti urusanne kene wingi durung mari la’an?”
Sarip                   : “Jangkrik. Nantang maneh kon. Gantian kon seng sak iki tak pateni, ben dendamku seng wingi kebales.”
Paidi                    : “Sembarang wes. Opo seng mbok omong tak ladeni.”(karo ndredek awakke)
(Tukaran lan Paidi mati)
Sarip                   : “Paidi wis mati. Nanging sumpahku isih dorong mari sakdurunge Paklik karo Londo mati neng tanganku.”



Download Filmnya di : https://musik.pokelagu.com/2018/08/sarip-tambak-oso.AahCEDEl5xD.html


Komentar